George Harrison: Living in the Material World

George Harrison: Living in the Material World
Barkas:Livinginthematerialworldposter.jpg
DisutradaraniMartin Scorsese
DiprodhuseriOlivia Harrison
Martin Scorsese
Nigel Sinclair
DibintangiGeorge Harrison
SinématografiRobert Richardson
Martin Kenzie
Dibesut déningDavid Tedeschi
Dibabar déningHBO
Tanggal metu
Suwéné
208 min
NagaraUnited States
BasaInggris

George Harrison: Living in the Material World nggih punika sesirah filem dokumenter saking Amérikah Sarékat-Inggris taun 2011. Filem punika kaarahaken déning Martin Scorsese, dipun angkat saking cariyos nyata pagesangan anggota band Beatles, George Harrison. Filem kasil mlebet nominasi enem ageng salebetipun pasanggiri 64th Primetime Emmy Awards, nampi kalih bebungah Emmy Award lumantar kategori Outstanding Nonfiction Special lan Outstanding Directing for Nonfiction Programming. Juru damel filem punika kapasrahaken dhumateng Olivia Harrison sesarengan Martin Scorsese lan Nigel Sinclair. Wondéné tanggel jawab sinematografi kapasrahaken dhumateng Robert Richardson lan Martin Kenzie, lan pambesutan filem dipuncakaken déning David Tedeschi. George Harrison: Living in the Material World kababar ing surya 5 Oktober 2011, nampi pangalembana saking para juru kritik lan pamirsa, kados kapirsan wonten Rotten Romatoes ingkang matrélakaken bilih filem punika nggadhahi pandhemen dumugi 85 % adhedhasar saking pambijinipun 34 para profesional.[1]

  1. "George Harrison: Living in the Material World (2011)". Rotten Tomatoes. Dibukak ing 21 Januari 2016.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy